Ezekiel 16:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- mulane sira wus dadi kagunganingSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku terus mlaku liwat lan Aku weruh kowé, kowé wis tekan waktuné brai. Aku terus njèrèng sandangan-Ku Tak kemulké marang kowé, wewadimu Tak tutupi. Aku nganakké perjanjian sumpah karo kowé - mengkono tembungé Gusti, GUSTI - mulané kowé wis dadi duwèk-Ku.