Ezekiel 17:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Tutura marang golongan mbalela iku mangkene: Apa sira ora sumurup marang tegese iki? Kandhanana: Lah ratu Babil bakal teka ing Yerusalem lan nyekel ratune sarta para panggedhene banjur padha diboyongi menyang ing Babil.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Ngomonga marang golongan sing mbruntak kuwi mengkéné: Apa kowé ora weruh marang tegesé iki? Ngomonga: ratu Babèl bakal teka ing Yérusalèm lan nyekel ratuné lan para penggedéné terus pada diboyong menyang Babèl.