Ezekiel 20:40 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit ing gunung sing sutyi, ing gunungé Israèl sing duwur, - mengkono tembungé Gusti GUSTI - ing kono, ya ing negara kono kuwi, turunané Israèl kabèh bakal pada ngabekti marang Aku. Ing kono Aku bakal seneng marang kowé lan ing kono Aku bakal njupuk kurbanmu lan pisungsungmu pilihan, kabèh sing pada kok sutyèkké.