Ezekiel 20:47 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
tuwin tutura marang alas ing sisih kidul: Pangandikane Sang Yehuwah iki rungokna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal karya geni ana ing sira kang bakal nyirnakake saben wit-witan kang urip ana ing sira lan saben wit kang garing. Geni kang murub mangalad-alad iku ora bakal sirep-sirep lan sakehing rai wiwit kang ana ing kidul nganti tekan kang ana ing lor bakal gosong dening geni iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan ngomonga marang alas ing sisih kidul: Tembungé GUSTI iki rungokna: Mengkéné tembungé Gusti GUSTI: Aku bakal ngurupké geni marang kowé, sing bakal ngentèkké saben wit-witan sing urip ing kowé lan saben wit sing garing. Geni sing murup mulat-mulat kuwi ora bakal sirep-sirep lan kabèh praupan wiwit ing kidul nganti tekan ing lor bakal kobong karo geni kuwi.