Ezekiel 21:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Hé, kowé anaké manungsa, nggambara dalan loro sing bakal diliwati karo pedangé ratu ing Babèl, loro-loroné kuwi sangka negara siji. Kowé masanga gambaré dalan ing wiwitané dalan sing nuju menyang saben kuta.