Ezekiel 21:26 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Serbanira sira singkirna lan mbuwanga makuthanira! Kaanan saiki iki ora ana kang tetep, kang endhek kadhuwurake, kang dhuwur kudu kaendhekake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
mengkéné tembungé Gusti GUSTI: Serbanmu singkirna lan buwangen makutamu! Kahanan saiki iki ora ana sing tetep, sing endèk diduwurké, sing duwur kudu diendèkké.