Ezekiel 21:28 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Anadene sira, he anaking manungsa, medhara wangsit lan mratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap bani Amon sarta panacade marang wong-wong iku: Pedhang, pedhange wus kaunus kanggo ngwutahake getih, wus kagebeg kanggo nyirnakake lan supaya gilap kaya kilat --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Nanging kowé, hé anaké manungsa, medara wahyu lan omongna: Mengkéné tembungé Gusti kanggo, turunané Amon lan tyatyaten marang wong-wong kuwi: Pedang, pedangé wis landep kanggo ngutahké getih, wis digosok kanggo ngentèkké lan supaya nggilap kaya klélap -