Ezekiel 22:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kayadene wong kang ngumpulake salaka, tembaga, wesi, timah ireng lan timah putih ana ing pawoning paleburan lan ngububi genine ing sangisore kanggo nglebur iku, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nglempakake sira kabeh ing sajroning bebenduningSun lan dedukaningSun lan sira bakal Sundekek ana ing kono sarta Sunlebur.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kaya wong sing nglumpukké slaka, tembaga, wesi, tembaga ireng lan tembaga putih ing pawoné paleburan lan ngubupi geni ing sak ngisoré kanggo nglebur kuwi, ya kaya mengkono enggon-Ku bakal nglumpukké kowé kabèh ing sak njeruhné bebendu-Ku lan nesu-Ku lan kowé bakal Tak dèkèk ing kono lan Tak lebur.