Ezekiel 22:30 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun ngupadi ana ing satengahe wong-wong mau, sawijining wong kang sumedya ngedegake tembok utawa kang ngukuhi nagara iku ana ing ngarsaningSun, supaya aja nganti Sunsirnakake, nanging Ingsun ora manggih wong kang mangkono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku nggolèki ing sak tengahé wong-wong mau, sakwijiné wong sing arep ngedekké témbok utawa sing ngwasani negara kuwi ing ngarep-Ku, supaya aja nganti Tak entèkké, nanging Aku ora olèh wong sing mengkono.