Ezekiel 23:27 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal marekake pokalira kang jember lan tindakira kang nistha wiwit saka ing tanah Mesir, satemah sira ora bakal klirak-klirik marang wong-wong iku maneh sarta ora bakal ngeling-eling maneh marang wong Mesir.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal ngendek pokal-gawému sing reget lan tumindakmu sing ala wiwit sangka negara Egipte, terus kowé ora bakal nglirak-nglirik marang wong-wong kuwi menèh lan ora bakal ngéling-éling menèh marang wong Egipte.