Ezekiel 23:40 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wuwuh maneh padha nyeluk wong-wong saka ing panggonan kang adoh kalawan nglakokake kongkonan ngundang wong-wong mau, sarta iku, iya banjur padha teka. Marga saka tekane mau sira nuli adus nganti resik, alisira sira pulas lan sira banjur nganggo pepasren.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tambah menèh pada nyeluk wong-wong sangka panggonan sing adoh karo ngutus kongkonan ngundang wong-wong mau lan kuwi, ya terus pada teka. Awit sangka tekané mau kowé terus adus nganti resik, alismu kok klimisi lan kowé terus nganggo paèsan.