Ezekiel 26:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal ngedunké kowé, supaya kowé bebarengan karo para wong sing mudun menyang juglangan kuburan, menyang panggonané bangsa dèk jaman mbiyèn, lan Aku bakal ndèkèkké kowé ing bumi sing ngisor déwé kaya jugrukan ing jaman mbiyèn, bebarengan karo para wong sing mudun menyang ing juglangan kuburan, supaya kowé aja dienggoni karo wong menèh, lan aja njedul menèh ing negarané wong urip.