Ezekiel 3:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku, mangka wong mau ora gelem ngunduri pialane lan lakune kang duraka, iku bakal mati marga saka durakane, dene sira wus ngluwari nyawanira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn kowé ngomongi wong duraka, nanging wongé ora gelem mandek sangka penggawé alané lan mlakuné sing duraka, kuwi bakal mati awit sangka dosané, nanging kowé wis ngluwari nyawamu.