Ezekiel 31:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina tumurune marang ing jagading wong mati, samodra agung Sundhawuhi bela-sungkawa. Kali-kaline padha Sunendheg iline, satemah banyune kang gedhe banjur kabendung. Lan marga saka dheweke gunung Libanon Sundadekake manganggo bagor tuwin sakehe wit-witan ing alas Sundadekake alum lesu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé Gusti GUSTI: Ing dina meduné ing ndonyané wong mati, segara gedé Tak omongi béla sungkawa. Kali-kaliné pada Tak endek iliné, terus banyuné sing gedé terus dibendung. Lan awit sangka dèwèké gunung Libanon Tak dadèkké nganggo salin kasusahan lan sak kabèhé wit-witan ing alas Tak dadèkké alum lemes.