Ezekiel 31:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. Anadene sakehing wit-witan ing patamanan Eden, ing telenging bumi bakal rumangsa kalipur, yaiku wit-witan kang pinilih lan kang endah dhewe ing Libanon, kang nesep banyu akeh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para bangsa sing krungu gembrubuké ambruké, pada Tak gawé gemeter, ya kuwi ing waktu Aku nglebokké dèwèké ing ndonyané wong mati lan terus nunggal karo kabèh sing wis pada mudun ing juglangan kuburan. Nanging kabèh wit-witan ing taman Eden, ing telengé bumi bakal rumangsa olèh panglipur, ya kuwi wit-witan sing dipilih lan sing apik déwé ing Libanon, sing nyesep banyu okèh.