Ezekiel 31:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané kowé kuwi kena ditandingké karo sapa karo tunggalé wit-witan ing taman Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Kowé bakal didunaké menyang telengé bumi bebarengan karo wit-witan ing taman Eden lan bakal gemlétak ing sak tengahé para wong sing ora sunat, bebarengan karo para wong sing mati kena pedang. Ya kuwi Parao uga rayaté. Mengkono tembungé Gusti GUSTI.”