Ezekiel 32:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para wong kang nyekel pangwasa lan gagah prakosa dalasan para pembantune bakal ngrembug dheweke ana ing satengahe jagade wong mati: Wong-wong iku wus padha mudhun, padha tiba kelumah lan awor karo wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wong sing nyekel pangwasa lan gagah rosa-rosa uga para réwangé bakal ngomongké dèwèké ing sak tengahé ndonyané wong mati: Wong-wong kuwi wis pada medun, pada tiba mlumah lan tyampur karo wong sing pada ora sunat, sing pada mati karo pedang.