Ezekiel 32:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ana ing satengahe para wong kang mati, marga dipateni iku, dicawisi paturon uga kabeh rakyate kang akeh iku ana ing sakubenge pakuburane. Iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang, awit wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan padha nanggung kawirangane, awor karo wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan; padha dipapanake ana ing satengahe wong-wong kang mati marga pinatenan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sak tengahé para wong sing mati, awit dipatèni kuwi, dityawisi peturon uga kabèh rayaté sing okèh kuwi ing sak ubengé kuburané. Kuwi kabèh wong sing pada ora sunat, sing pada mati karo pedang, awit wis pada nukulké rasa wedi ing ndonyané wong urip lan pada nanggung kewirangané, tyampur karo wong sing pada medun ing juglangan kuburan; pada dipapanaké ing sak tengahé wong-wong sing mati awit dipatèni.