Ezekiel 32:30 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para panggedhe saka ing lor padha ana ing kono, kabeh iku lan sakehe wong Sidon, kang kalawan wirang padha mudhun lan awor karo para wong kang padha mati marga dipateni, sanadyan wus padha njalari girise wong-wong mau kalawan kakuwatane; iku padha diturokake ora kalawan ditetaki ana ing sacedhake wong-wong kang mati dening pedhang sarta padha nanggung kawirangane bebarengan karo wong-wong kang tumurun ing luwangan kuburan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para penggedéné sangka lor pada ing kono, kabèh kuwi lan sak kabèhé wong Sidon, sing karo kisinan pada medun lan tyampur karo para wong sing pada mati awit dipatèni, senajan wis pada njalari kagèté wong-wong mau karo kekuwatané; kuwi pada diglétakké ora karo disunati ing sak tyedaké wong-wong sing mati karo pedang lan pada nanggung kewirangané bebarengan karo wong-wong sing mudun nang juglangan kuburan.