Ezekiel 33:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene sira, he anaking manungsa, sira tutura marang para mitranira tunggal bangsa mangkene: Kamursidane wong mursid iku ora njalari slamete, samangsa wong iku nglakoni panerak; lan pialane wong ala ora njalari anggone kesandhung, samangsa wong iku nyingkiri pialane; lan wong mursid ora bisa urip marga saka kamursidane, samangsa nglakoni dosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging kowé, hé anaké manungsa, kowé ngomonga marang para kantyamu tunggal bangsa mengkéné: Kesutyiané wong bener kuwi ora njalari keslametan, yèn wong kuwi nglakoni panerak; lan penggawé alané wong ala ora njalari enggoné kesandung, yèn wong kuwi nyingkiri penggawé alané; lan wong bener ora bisa urip awit sangka kesutyiané, yèn nglakoni dosa.