Ezekiel 33:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tutura marang wong-wong iku mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika: Demi Ingsun kang agesang, wong kang padha manggon ing reruntuhan bakal ambruk mati dening pedhang, tuwin wong-wong kang ana ing ara-ara bakal Sunpakakake marang kewan alasan, dene kang manggon ing beteng-beteng lan ing guwa-guwa bakal mati kena ing pageblug.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ngomonga marang wong-wong kuwi mengkéné: Gusti GUSTI ngomong: Kanggo Aku sing urip, wong sing pada manggon nang jugrukan bakal ambruk mati karo pedang lan wong-wong ing ara-ara bakal Tak pakakké marang kéwan alasan, nanging sing manggon ing bèntèng-bèntèng watu lan ing guwa-guwa bakal mati kena karo lara pès.