Ezekiel 33:32 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira iku nyata kayadene wong kang nglagokake kidung katresnan kalawan swara arum tumrap wong-wong iku, sarta kang pinter nylempung; padha krungu apa kang sira ucapake, nanging babar pisan ora padha tumindak mangkono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé kuwi nyata kaya wong sing nglagokké kidung katrésnan karo swara apik kanggo wong-wong kuwi, lan sing pinter main musik; pada krungu apa sing kok omongaké, nanging babar pisan ora pada nandangi mengkono.