Ezekiel 36:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane sira medhara wangsit lan tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne, lan iya pancen nyata mangkono, ing sarehne mungsuh ing sakubengira ndadekake sira kabeh sepi mamring lan ngarah supaya sira kabeh padha dadi darbeke kekarene para bangsa, tuwin ing sarehne sira tansah padha dicatur dening wong lan akeh panacade wong marang sira,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané kowé medara wahyu lan ngomonga: Mengkéné tembungé Gusti GUSTI: Pantyèn nyata mengkono, awit mungsuh ing sak ubengmu ndadèkké kowé kabèh sepi mamring lan ngarah supaya kowé kabèh pada dadi duwèké turahé para bangsa lan awit kowé tansah pada dityatur karo wong lan okèh dityatyat wong marang kowé.