Ezekiel 37:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sajrone aku ngawasake iku, lah aku nuli ndeleng otot-otot lan daging kang tumuwuh ing balung-balung mau, sawuse mangkono banjur katutupan ing kulit, nanging durung padha ambekan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku nyawang kuwi, aku terus weruh otot-otot lan daging sing tukul ing balung-balung mau, sakwisé mengkono terus ketutupan karo kulit, nanging durung pada ambekan.