Ezekiel 38:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nagara Syeba lan Dedan dalah para wonge kang tuku barang-barange, nagara Tarsis dalah para sudagare bakal padha celathu marang sira mangkene: Tekamu iku apa arep ngrerampas lan nglumpukake sekuthonmu sumedya ngrerayah, arep ngangkut salaka lan emas, arep mbradhat raja-kaya lan bandha sarta arep njarah-rayah kang akeh banget?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Negara Syéba lan Dédan, para wong sing tuku barang-barangé, para pedagangé lan para penggedéné negara Tarsis bakal pada ngomong marang kowé mengkéné: Tekamu kuwi apa ngrampas lan nglumpukké komplotan arep ngrampas, arep mbandang slaka lan emas, arep ngrampok kéwan-kéwan lan banda lan arep njukuki sembarangé sing okèh banget?