Ezekiel 38:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Iya sira iku kang wus Sunpangandikakake ing wektu-wektu kang wus kapungkur lumantar para abdiningSun, yaiku para nabining Israel, kang ing wektu iku nganti mataun-taun padha memeca, manawa sira bakal Sunlurugake nglawan marang umatingSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé Gusti GUSTI: Ya kowé kuwi sing wis Tak omongaké ing waktu-waktu sing wis kepungkur lantaran para abdi-Ku, ya kuwi para nabiné Israèl, ing waktu kuwi nganti mataun-taun pada nubuat, yèn kowé bakal Tak lurukké nglawan marang umat-Ku.