Ezekiel 38:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing awang-awang, kewan-kewan ing alas, sakehing kewan kang gumremet lan sakehing manungsa kang ana ing bumi bakal padha gumeter ndeleng pasuryaningSun. Gunung-gunung bakal padha gugur, peperenging gunung bakal padha longsor lan saben tembok bakal ambruk.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iwak-iwak ing segara, manuk-manuk ing awang-awang, kéwan-kéwan ing alas, kabèh kéwan sing nggremet lan kabèh manungsa ing bumi bakal pada gemeter weruh praupan-Ku. Gunung-gunung bakal pada jugruk, pèrèngané gunung bakal pada tiba lan saben témbok bakal ambruk.