Ezekiel 38:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira nuli jumedhul kaya angin prahara lan tekanira iku kaya mendhung kang nutupi salumahing bumi, sira teka kalawan wadya-balanira kabeh lan akeh bangsa kang mbiyantu sira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé terus njedul kaya angin lésus lan tekamu kuwi kaya mendung sing nutupi sak lumahé bumi, kowé teka karo suradadumu kabèh lan okèh bangsa sing ngréwangi kowé.