Ezekiel 39:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina iku Ingsun bakal maringi papan marang Gog kang bakal kanggo ngubur dheweke ana ing Israel, yaiku Lembah Panyabrangan ing sisih wetane sagara, lan kuburan iku bakal ngalang-alangi wong-wong kang padha nyabrang. Gog lan sakehe golongane bakal kakubur ana ing kono sarta papan iku bakal kasebut Lembah Golongane Gog.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina kuwi Aku bakal ngekèki panggonan marang Gok sing bakal kanggo ngubur dèwèké ing Israèl, ya kuwi legokan Sabrangan ing sisih wétané segara lan kuburan kuwi bakal ngalang-alangi wong-wong sing pada nyabrang. Gok lan sak kabèhé golongané bakal dikubur ing kono lan panggonan kuwi bakal disebut legokan golongané Gok.