Ezekiel 39:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
sarta para bangsa bakal padha sumurup, manawa turune Israel anggone kabuwang iku marga saka kaluputane lan marga saka anggone banjur ora setya marang Ingsun, mulane Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku, tuwin Ingsun banjur ngulungake wong-wong iku marang ing tangane para mungsuhe, kabeh nuli padha mati dening pedhang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan para bangsa bakal pada weruh, yèn turunané Israèl enggoné dibuwang kuwi awit sangka kesalahané lan jalaran sangka enggoné terus ora setia marang Aku, mulané Aku nutupi praupan-Ku yèn karo turunané Israèl kuwi, lan Aku terus ngekèkké wong-wong kuwi ing tangané para mungsuhé, kabèh terus pada mati karo pedang.