Ezekiel 4:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku terus ngomong: “Duh GUSTI, Gustiku. Tenan kula durung tau ngregeti lan wiwit enom nganti teka saiki durung tau mangan batang utawa turahané memangsané kéwan galak, apa menèh tutuk kula durung tau klebon daging bosok.”