Ezekiel 4:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kutha iku enthanen lagi kakepung: dokokana beteng pangepungan, gawea undhug-undhugan lemah kang dadi tangguling pangepungan, dokokana tarub panginepaning wadya-bala sarta ing sakubenging kutha iku pasangana totog.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuta kuwi gambaren ijik dikepung: dèlèhna bèntèng kanggo ngepung, nggawéa unduk-undukan lemah sing dadi tanggulé kanggo ngepung, dèkèkna tarup panginepané suradadu lan ing sak ubengé kuta kuwi tatanen piranti kangggo ndobrak.