Ezekiel 40:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Cendhela-cendhelane, bangsaling gapura lan gambar-gambare wit kurma ukurane uga padha karo gapura kang marep mangetan. Wong bisane munggah mrono ngliwati undhak-undhakan pitu, dene bangsale gapura ana ing sisih njero.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tyendéla-tyendélané, kamaré gapura lan gambar-gambaré wit kurma ukurané uga pada karo gapura sing madep mengétan. Wong bisané munggah mrana ngliwati undak-undakan pitu, nanging kamaré gapura ing sisih njeruh.