Ezekiel 40:37 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bangsale dumunung ana ing plataran njaba, tuwin ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kamaré ing plataran njaba lan ing tyagak-tyagaké témboké ana gambaré wit kurma ukir-ukiran, ing sisih kéné lan ing sisih kana, nanging undak-undakané munggah ana wolu.