Ezekiel 40:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lah ing sajabane padaleman ana temboke mubeng ngupengi padaleman iku. Astane priya mau nyepeng teken ukuran, kang dawane nem asta -- asta ing kene padha karo asta lumrah punjul satebah --. Priya mau nuli ngukur temboke, kandele sateken lan dhuwure sateken.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan ing sak njabané griya ana témboké mubeng ngubengi griya kuwi. Tangané wong lanang mau nyekel teken ukuran, sing dawané nem éluh ing kéné pada karo éluh lumrah luwih sak èpèk-èpèk tangan. Wong lanang mau terus ngukur témboké, kandelé sak teken lan duwuré sak teken.