Ezekiel 41:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kamar-kamar tambahan iki susun telu lan saben larik kamaré telung puluh. Ing sak ubengé griya sutyi témboké ana balok-baloké sing diedeki kamar-kamar tambahan mau, supaya pada dadi kuwat, awit kamar-kamar mau ora digandèngké karo témboké griya sutyi.