Ezekiel 43:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wengkune prapen iku dawane patbelas asta lan ambane patbelas asta, dadi uga pesagi. Ing sakubenge misbyah mau ana kalene, kang ambane saasta tuwin ing sakubenge kalen iku ana pinggirane, kang ambane satengah asta. Undhak-undhakane misbyah dumunung ing sisih wetan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lés-pinggiré prapèn kuwi dawané patbelas éluh lan ambané patbelas éluh, dadi uga pesagi. Ing sak ubengé mesbèh mau ana kalèné, sing ambané sak éluh lan ing sak ubengé kalèn kuwi ana pinggirané, sing ambané setengah éluh. Undak-undakané mesbèh ing sisih wétan.