Ezekiel 43:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
para imam trah Lewi turune Zadhok sira wenehana sapi lanang siji kang isih enom kanggo kurban pangruwating dosa, amarga iya wong-wong iku kang Sunparengake sowan marang ing ngarsaningSun prelu ngunjukake pangabekti. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
para imam turunané Lèwi turunané Sadok wènèhana sapi lanang siji sing ijik nom kanggo kurban ngluwari dosa, awit ya wong-wong kuwi sing Tak lilani ngadep ing ngarep-Ku perlu masrahaké pangabekti. Mengkono tembungé Gusti GUSTI.