Ezekiel 44:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing sarehne para wong Lewi iku wus leladi marang bangsa iku, ana ing ngarepe para brahalane, tuwin tumraping turune Israel banjur wus dadi sandhungan, kang njalari tumibane ing kaluputan, iya marga saka iku Ingsun supaos tumrap wong-wong iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong-wong iku bakal nanggung paukumane dhewe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit para wong Lèwi kuwi wis ngladèni marang bangsa kuwi, ing ngarepé para brahalané lan kanggo turunané Israèl terus wis dadi sandungan, sing njalari tibané kesalahan, ya awit sangka kuwi Aku sumpah kanggo wong-wong kuwi - mengkono tembungé Gusti GUSTI - wong-wong kuwi bakal nanggung paukumané déwé.