Ezekiel 44:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging para imam, wong Lewi turune Zadhok, kang nindakake kawajiban-kawajiban ana ing pasuceningSun, nalika wong Israel padha mblasar nilar Ingsun, iya para wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu ngunjukake marang Ingsun gajih lan getih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging para imam, wong Lèwi turunané Sadok, sing nindakké kuwajipan-kuwajipan ing panggonan sutyi-Ku, waktu wong Israèl pada mblarah ninggalké Aku, ya para wong kuwi sing bakal ngadep ing ngarep-Ku perlu masrahaké marang Aku gajihé lan getih. Mengkono tembungé Gusti GUSTI.