Ezekiel 45:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene raja kang tanggung-jawab tumrap kurban obaran, kurban dhaharan, kurban unjuk-unjukan manawa pinuju dina gedhe, sasi anyar, dina Sabat lan saben turune Israel nganakake pahargyan. Raja kang kudu nyawisake kurban pangruwating dosa, kurban dhaharan, kurban obaran lan kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap turune Israel.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging ratu sing tanggung jawap kanggo kurban obongan, kurban panganan, kurban ombèn-ombèn yèn nalika dina gedé, sasi anyar, dina sabat lan saben turunané Israèl nganakké riyaya. Ratu sing kudu nyawiské kurban ngluwari dosa, kurban panganan, kurban obongan lan kurban keslametan kanggo nganakké rukunan kanggo turunané Israèl.”