Ezekiel 45:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene bageaning raja iku kudu dumunung ana ing sakulone lan sawetane pisungsung mligi kang suci lan duweke kutha iku kudu adu wates karo perangan loro mau. Sisihe kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihe wetan kudu tekan wates wetan. Dadi dawane kudu padha karo dawane bageane taler Israel siji, yaiku wiwit wates kulon nganti tekan wates wetan ing nagara iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bagéan ratu kuwi kudu manggon ing kuloné lan wétané pisungsung sing sutyi lan duwèké kuta kuwi kudu adu watesé karo pérangan loro mau. Sisihé kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihé wétan kudu tekan wates wétan. Dadi dawané kudu pada karo dawané bagéané taler Israèl siji, ya kuwi wiwit wates kulon nganti tekan wates wétan ing negara kuwi.