Ezekiel 46:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina-dina gedhe lan ing dina pahargyan-pahargyan kang tetep, kudu ana kurban dhaharan; yaitu glepung sa-efa diolah kalawan sapi lanang siji tuwin glepung sa-efa diolah kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane iku gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina gedé lan ing dina riyaya-riyaya sing tetep, kudu ana kurban panganan; ya kuwi glepung sak éfa diolah karo sapi lanang siji lan glepung sak éfa diolah karo wedus gèmbèl lanang siji, nanging kurban panganan sing rupa wedus-wedus gèmbèl liyané kuwi gumantung kekuwatané, lan lenga sak hin kanggo sak éfa.