Ezekiel 46:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa ratu nyawisake kurban obaran manasuka utawa kurban kaslametan manasuka kagem Sang Yehuwah, iku kawenganana gapura ing sisih wetan tuwin ratu mau banjur bakal ngunjukake kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku kayadene kang katindakake ing dina Sabat. Sawuse mangkono banjur metu lan gapurane nuli kudu kaineb.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ratu nyawiské kurban obongan kebungahan utawa kurban keslametan kebungahan kanggo GUSTI, kuwi dibukakké gapura ing sisih wétan lan ratu mau terus bakal masrahaké kurbané obongan lan kurbané keslametan kuwi kaya sing ditindakké ing dina sabat. Sakwisé mengkono terus metu lan gapurané terus kudu ditutup.