Ezekiel 46:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Raja iku anggone bakal lumebu saka njaba ngliwati bangsaling gapura lan banjur ngadeg ing sacedhake sakaning gapura iku. Ing nalika iku para imam padha ngolah kurban obaran lan kurban kaslametaning raja mau, dene raja iku nuli sujud nyembah ana ing tlundhaging gapura iku, banjur metu maneh. Anadene gapura iku nganti sore ora kena kainebake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu kuwi enggoné bakal mlebu sangka njaba ngliwati kamaré gapura terus ngadek ing sak tyedaké tyagaké gapura kuwi. Ing waktu kuwi para imam pada ngolah kurban obongan lan kurban keslametané ratu mau, nanging ratu kuwi terus sujut nyembah ing ngarepé gapura kuwi, terus metu menèh. Nanging gapura kuwi nganti soré ora kena ditutup.