Ezekiel 46:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn para wong negara, ing dina riyaya mau pada nglumpuk ing ngarepé GUSTI, sing mlebu ngliwati gapura lor arep mèlu sujut nyembah, metuné liwat gapura kidul, nanging sing mlebuné ngliwati gapura kidul, metuné liwat gapura lor. Aja ana wong sing metuné liwat gapura sing mau diliwati waktu mlebuné, dadi saben wong metuné liwat ing gapura ing ngarepé.