Ezekiel 48:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iki jenenge suku-suku mau: Kang ana lor dhewe: wiwit ing sagara, terus, ngliwati Hetlon, tekan ing panggonan lumebune dalan menyang Hamat, Hazar-Enon, mulane wilayahe kutha Damsyik, kang cedhak karo Hamat, dumunung ing sisih lore; wiwit tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Dhan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iki jenengé taler-taleré mau: Sing sangka lor déwé: wiwit ing segara, terus, ngliwati Hètlon, tekan panggonan mlebuné dalan menyang Hamat, Hasar-Enan, mulané panggonané kuta Damaskus, sing tyedak karo Hamat, ing sisih loré; wiwit tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, kuwi bagéané Dan.