Ezekiel 48:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bageane para wong Lewi jejer karo wilayahe para imam, dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta. Dadi gunggunge: dawane salawe ewu asta, ambane rong puluh ewu asta.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bagéané para wong Lèwi jèjèr karo panggonané para imam, dawané 25.000 éluh lan ambané 10.000 éluh. Dadi gunggungé: dawané 25.000 éluh, ambané 20.000 éluh.