Ezekiel 48:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saluwihe mau iku duweking ratu, yaiku ing sawetane lan ing sakulone pisungsung mligi kang suci tuwin wilayahe kutha iku, apadene adu wates karo kang salawe ewu asta iku, mangetan nganti tekan tapel-wates wetan lan mangulon nganti tekan tapel-wates kulon sarta jejer karo wilayahe suku-suku liyane, iku kanggo raja. Pisungsung kusus kang suci lan Padaleman Suci dumunung ana ing tengahe wewengkon kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak luwihé mau kuwi duwèké ratu, ya kuwi ing wétané lan ing kuloné pisungsung sing sutyi lan panggonané kuta kuwi, uga adu wates karo sing 25.000 éluh kuwi, mengétan nganti tekan tapel watesé wétan lan mengulon nganti tekan tapel watesé kulon lan jèjèr karo panggonané taler-taleré liyané, kuwi kanggo ratu. Pisungsung sing sutyi lan griya sutyi manggon ing tengahé panggonan kono.