Ezekiel 5:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira bakal dadi cacadan lan cecampahan, minangka pepenget lan dadi bab kang ngeram-eramake tumrap para bangsa ing sakubengira, yaiku ing samangsa Ingsun nibakake paukuman marang sira ing sajroning bendu lan duka sarta ing sajroning pangrangketingSun kang nggegirisi -- Ingsun, Pangeran Yehuwah kang mangandikakake --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé bakal dadi tyatyatan lan dienyèk, kanggo pepélingé lan dadi bab sing ngéram-érami kanggo para bangsa ing sak ubengmu. Ya kuwi yèn Aku nibakké paukuman marang kowé ing sak njeruhné bendu lan nesu lan ing sak njeruhné rangkètan-Ku sing medèni. Aku, GUSTI sing ngetokké tembung.